Saturday, February 16, 2013

WARNA-WARNA SERAT ING BASA JAWA (MACAM-MACAM JENIS SURAT DALAM BAHASA JAWA)


. Serat Wara-Wara
  • Nyakup kadadosan ingkang dipun warak-warakaken ingkang isine:
  • Apa kang diwarak-warakake
  • Sapa sing nindakake
  • kapan Kadadeyane
  • Ana ngendi kadadeyane
  • Sebabe apa
2. Serat silaturahmi
  • Diagem kangge nyambung paseduluran
  • Tembungipun cekak aos
  • Ngange gambar lan tata panyandra kang endah
  • Tuladha : Kartu Riyadi, Kartu  Natal
3. Serat sedhahan
  • Serat ingkang surasane kapurih ngrawuhi pasamuan utawi panghargyan
  • Padamelipun serat sedhahan, salugunipun boten gampil, awit ingkang ulem-ulem gadhah sedya, supados ingkang dipun ulemi saged mrelokake rawuh kanthi suka pirenaning panggalih, kamangka wancinipun dipun temtokaken
Jenising serat sedhahan :
  • Ulem Mantu
  • Ulem Ngunduh Mantu
  • Ulem Mitoni
  • Ulem Kumbokarnan
  • Ulem Sepasaran
  • Ulem Tanggap Warsa
  • Ulem Tumbuk Ageng
4. lelayu
  • Serat paring pangertosan bab tilar donyanipun satungiling piyayi
  • Diandharaken wanci sedhanipun, jalaranipun, saha wanci kasarekaken
  • Dipun serat ugi, garwa, putra wayah

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA